Minggu, 27 Februari 2011

Wangsalan

       Wangsalan asalé saking tembung Dwi lingga Salin Swara ” wangsal-wangsul .” Tembung wangsul nduweni  arti “ jawab.
       Wonten pertelaan kang nyebutaken yén  “ wangsalan “ yaiku Ukara   (kalimat) kang kepengén nyampéyaken maksud utawa kehendak kang  nggunaaken tembung-tembung kang mirip karo kang   dimaksud .
Wangsalan  ning Cerbon ana  pitung macem :
1 Wangsalan cendek
2. Wangsalan lamba
3. Wangsalan rangkep
4. Wangsalan wutuh
5. Wangsalan  sinawung ukara
6. Wangsalan  sinawung témbang
7.  Wangsalan  sawernaé

a.   Wangsalan cendhek (péndek)
     Contoé:
·      Janur gunung  pupus arén  maksudé “ kadingarén “ ( kebetulan ) “
·      Balung jagung (bagal), maksudé “ dugal,gagal,tunggal “
·      Sekar glédég “ (kilat), maksudé “ Mbuk lap ( terkejut) “
·      Jenang gula (gulali), maksudé “ aja lali (jangan lupa) “
·      Welut karang (ular),maksudé “ kegila-gila (keterlaluan) “
·      Pager dhoyong (nggebrug= rubuh), maksudé “apa gebrage baé ( terserah apa kata nanti) “
Conto ukarané:     
            : Janur gunug Kadingarén dolan ning umaé kita
            : Balung jagun  Aja gawé dugalé ning ati
            : Jenang gula, aja lali karo kulané
            : Pager doyong,   yawis apa gebragé baé
            : Piring abang sing panjunan, aja gawé sulaya ning janjiné
b.       Wangsalan Lamba
     Wangsalan lamba yaniku wangsalan kang jawabané ana ning salah sawijiné ukara (kalimat) Contone :
  • Kucing alas dikunjara (tenggalaung), maksudé “talungané (alangkah lebih baiknya)”, “kalungsé (lemah lunglai kepayahan, wis kelewat waktu).
  • Udud cendek pembuangan (tegesan=puntung rokok), maksudé            “negesaken” (menegaskan)
  • Pasar alit munggéng margi (warung) maksudé “wurung  (batal)“
  • Kendang cilik penepak tangan (ketipung), maksudé “aja mungpung“
  • Menyan kuning jawa gendong ( welirang ) maksudé “kewirangan“
  • Pawon bunder ning panjunan ( lungku) maksudé “kereng (galak)“
  •  Balumbang tinatur bata ( sumur ) maksudé “ Saumur “
  • Toya mijil saking langit ( udan ) maksudé “édan “
     Contoh  ukarané : Kendang cilik penepak tangan = aja mungpung dadi
                                   wong sugih
                                     Udud cendekpembuangan= tegesenang omongané kula
c.  Wangsalan Rangkep
            Wangsalan Rangkep yaniku  wangsalan ning sejeroné ukara (kalimat)   
     lan ngandung maksud rangkep.
     Contoné:
  • Durén dawa (keluwih) gludhug muni ketiga (guruh)
Maksudé “ Luwih apa yen laki guru kaula”
  • Uler kembang (lintah) séla ganda pangraciké jamu (pipisan)
Maksudé, “ Dadia titah kang urip sepisan “
d. Wangsalan Wutuh
    Contoné :
  • Jenu tuwa (tungkul), wreksa mrambat ning penginangan (suru)
Aja tungkul meneng-meneng , sandang  pangan kudu diluru.
  • Patrem mahisa (sungu) ulam dawa saba karang (ula)
Aja dirungu mbokat kaplala
  • Carang wreksa (epan) Wreksa wilis tanpa patra (prigin)
Ora gampang wong urip kudu kepéring.

e. Wangsalan sinawung ukara
            Wangsalan sinawung ukara yaniku  wangsalan kang maksudé dadi siji  ning sejeroné kalimat (ukara), Contoé:
  • Peté karang rerincikan (tembara) aja gawé lara ning ati.
  • Kalong alit saba gedang ( codhot ) sumedot rasaning ati.
  • Bajing cilik (curut) sinaba longan sekarepé sun turuti
  • Kendhi beling (gelas) wadha toya, melas temen awak ira
  • Katibabal wohing gori (nangaka) urip ora minangkani.
  • Kucing alas (tenggalung) di kunjara, talungbasa awak sira.
  • Asem enom tuwa tanggung (cempaluk) ,ora kuat kenang penjalukané
  • Cowét bang (laya) saking Panjunan, laya-laya sing kadoan
  • Damar gedé ning awiyat (srengengé) masi tangé urip kula
  • Toya mijil saking langit ( udan) lagi nasibé badan
  • Lawon petak (layar) ning baita , sanajan ado sira siji tek layari.
  • Kembang putih (méga) malipir gunung, aja téga ning kulaé
  • Kunir petak (temu) kinebonan , kapan baé ketemué.
  • Lampit gunung ( klasa) migelaran, nelangsa krasa ning ati.
  • Gubung duwur tengah sawah (ranggon) urip ora ketunggon
  • Dami bosok cukul pari (singgang) diadhang senggangé baé.

f.  Wangsalan Sinawung Tembang

      Yaiku wangsalan serta maksudé tersusun utawa terangké ning wacaan tembung macapat.
Contoé :
Lulub gebang pinasuhan
Kaliwat pegel kang ati,
Toya lebar sinenggotan,
Sun lawani gobag-gabig,
Centong sabin awak mami,
Dadi ngecul awak isun,

Balungbang tinatur bata
Seumur kula enteni,
g. Wangsalan Sawernaé 
            Yaiku wangsalan kang wujudé  beli kepanjing ning wangsalan :
1 Wangsalan cendek
2. Wangsalan lamba
3. Wangsalan rangkep
4. Wangsalan wutuh
5. Wangsalan  sinawung ukara
6. Wangsalan  sinawung tembang
     Contoé :
Piring cilik aja dipikir pusing (pising)
Balung nangka kekatonen (beton)
Sekar glédég mbuk lap (kilap)
ganda emas kekaratan (karat )
Pandan rawa manglingi (welingi)

Tidak ada komentar:

Posting Komentar