Minggu, 27 Februari 2011

Lelampahané Syékh Magelung Sakti

Kacariyos wonten sanunggalipun linangkung saking tanah Sebrang, jenenganipun Pangéran Banakeling, saking Kalingga Hindustan, Pangéran punika tedak bangsawan.
Pangéran Banakeling punika digjaya sakti mandraguna, tan tedas tapak paluning pandé, sisahing Gurinda (mboten mempan gegaman), ngantos remahipun , kados kawat, gondrong boten saged dipun cukur, sawernanipun gegaman boten wonten ingkang tumamah (mempan) kanggé nyukur remahipun Pangéran Banakeling wau.
Pangéran banakeling manawi saliraipun ngraos kesel (pegel), badanipun dipun kecusi kalian keris ingkang ampuh-ampuh utawi dipun bendrong kalian tumbak, gada, lan sanesipun, mekaten salaminiipun.
Pangéran Banakeling ngraos piyambek, yén rémahipun boten saged dipun cukur punika ngraos ruwed, mila asring ngresula .“ Sapa baé wongé kang bisa nyukur rambut isun, yen lanang sun aku Guru, yen wadon sun aku garwa. “
Lami-lami Pangéran Banakeling mireng pawartos, yen dateng Nuwsa Jawi punika panggénané para Waliyullah. Lajeng Pangéran Banakeling badé tindak dateng Nuswa Jawi, ugi ingkang saged nyukur remahipun.
Pangéran Banakeling saking tanah sebrang Kalingga tindak dateng Nuswa Jawi kaleresan dugi dateng Pesisir Cerbon, Pangéran Banakeling mameraken kesaktiapun. Keris,tumbak, pedang, lan sapanunggalipun gegaman ingkang ampuh-ampuh kanggé dolanan.
Dateng Pesisir katah ingkang ningal, andadosaken girisipun ingkang sami uninga. Pangéran Banakeling tambah agengipun manah. Boten antawis dangu wonten aki-aki boten berdaya medek dumateng Pangeran Banakeling kalian matur.
Aki-aki :
“ Aduh panjenengan punika sakti sanget, gegaman ingkang ampuh-ampuh kanggé dolanan. Dateng riki mboten wonten tiyang ingkang kados panjenengan. Panjenengan punika sinten, lan saking pundi asalipun ? Déné remahipun kados kawat panjang sanget, ngantos boten saged dipun gelung “
Pangeran Banakeling :
“ Hei kiyai wong sepuh, mbok durung weruh yen iki kang aran Pangéran Banakeling saking tanah sebrang Kalingga. Perluné yaiku rambut mawi kaya kawat, ora tedas den cukur, Ngrungu yen Ing Nusa Jawa Cerbon ana Waliyullah, mbok bisa nyukur rambut mawi arep sabda guru, lan maning Kiyai aja parek-parek manira mbok kenang gegaman.”
Aki-aki :
“ Pangeran amit-amit mawon, kaula kepengen nyobi ngunda tumbak kados Panjenengan punika. Kados punapa raosipun Tiyang dolanan gegaman? ”
Pangeran Banakeling :
“ Aja sembarangan dolanan tumbak iki, bokat ketaton iku cilaka .”
Nanging aki-aki wau maksa kemawon , Sang pangéran inggih ngidini , Aki-aki lajeng nyandak Tumbak ingkang ampuh, teras dipun unda kaunclangaken manginggil , sareng dawahipun tumbak dipun tampani kalian dampal tangan , cleng nancleb, asta ( tangan ) Aki-aki tembus dléwéran medal rahipun nétés.
Pangeran Banakeling :
“ Ngandel beli, jaré isun gén aja, kapriyé ari wis kaya konon iku, sapa kang lara, tentuné ya kiyaié déwék.”
Aki-aki :
“ Inggih adaté Bangsa Khawadis, barang anyar, punika kenging owah gingsir, kenging rusak lan pati.”
Tumbak ingkang nangceb dateng dampal tangan dipun cabut amoh mawon kados dateng toya, boten wonten tapakipun tatu, lan boten wonten tilasipun rah.
Makaten gaibipun Sang Aki-aki wau.
Pengéran Banakeling sareng ningal ingkang kados makaten punuika mlongo mawon kamitenggengen mboten saged ngandika, selebeté manah makaten.
“ Seumur urip nembé ndeleng utawa nembé weruh ilmu kang kaya kononiku, bawa rasa ning tanah sebrang wis ora nana maning kang sakti digjaya kejaba mung manira, nanging ora kaya ilmuné Aki-aki iki, kedodokan Kramaté Waliyullah.”
Pangéran Banakeling ngraos kalingsem, karsaipun badé pitados, sejotosipun Aki-aki sinten, arahipun badé perseca ndérék sabda guru, namung Aki-aki ngandika
Aki-aki :
“ Cobi panjenengan mungkura sawatawis, melas temen rémahipun gondrong kadoskawat, boten saged dipun gelung, kaula amit-amit kepéngén ningal rémah panjenengan.”
Pangeran Banakelingng lajeng nylinguk mungkur. Kocapa aki-aki nyukur rémahipun pangéran Banakeling naming kalian driji kémawon, teras klumprak rémahipun tugel Nigel dateng siti.
Panggénan punika akiripun kasebat Karanggetas, antuk mendet saking rémahipun Pangéran Banakeling dipun cukur punika getas. Kedadosan ingkang mekaten punika ing tembé Pangéran Banakeling kajenengan pangéran Magelung Sakti, sebab remahipun rumiyin akas lan panjang boten saged dipun gelung.
Wondenten Aki-aki ingkang nyukur remahipun Pangeran Banakeling punika kasebat Syekh Magribi, jumeneng dateng Astana Garib.
Syékh Magelung Sakti wekdal taksih Jumeneng mboten wangsul dateng Kalingga, selajengipun maguron ( sabda guru ) dumateng Syekh Magribi.

Tidak ada komentar:

Posting Komentar